Keranjang Anda kosong!

Geguritan Dening Dr.KRT. Akhir Lusono, SSn, MM #4
*******●●●●●●*******
Duwe Yoga
Aja nganti yen peputra duwe yoga sing sinebut generasi strawbari
Awit senajan njaban ayu ganteng utawa endah
Nanging isine mlenyek
Pindhane telek
Mula duwe putra kudu ginodhog ing kawah Candradimuka
Dibakar diuleni diseneni digladhi pencak
Dimen dadi bocah kang bakoh
Dadi pawongan sing pengkuh
Ora memble lan leda lede
Bocah saiki kudune tansaya kuat
Amarga mungsuhe saya abot
Mula duwe atmaja aja tansah diuja
*******●●●●●●*******
Pangarsa
Ing ngarep kuwi papane
Nanging uga ing tengah panggonane
Kalamangsa uga ing mburi
Mula ana unen unen
Ing ngarsa sung tulada
Ing madya mangun karsa
Tut wuri handayani
Awit jejere pangarsa kudu bisa manjing ajur ajer
Hangentasi karya
Hangemong
Hangayomi
Hamemayoni
Tansah sigra magita gita
Cancut taliwanda
Gya siyaga
*******●●●●●●*******
Adhem
Hawane atis
Adem njekut swasana mendhung
Udane riwis riwis
Arep budhal mergawe sajak aras arasen
Kaya kaya bokok abot ninggalake kursi Utawa amben
Senajan mangkono badan kudu digenahke
Pikiran kudu diprenahke
Dimen sengkut nyambut gawe
Senajan hawane adhem
Ananging urip kudu terus anget kepara panas
Dimen pendhane mesin
Ora maelu lagi bar di uripke Utawa wis suwe.
Cebongan, Kasihan 24 Januari 2025
Categories
Recent Posts
- Dari perca menuju kriya tektil berbasis budaya dan go global
- Manunggal Fair 2025: Merajut Kreativitas dan Ekonomi Lokal Kulon Progo
- Semangat dan Kebersamaan Warnai Re-Launching Pasar Tani KWT Migunani
- Festival Kebudayaan Yogyakarta 2025 Resmi Dibuka
- YAD Handycraft, Pusat Blangkon dan Surjan yang Lestarikan Kriya Budaya di Bantul
Archive
Tags
Akhir Lusono Al-Qur’an Bakpia Jogkem bakso Bangunharjo BMT buka puasa canden Desa Caturharjo Desa wisata Dinas Pariwisata Kulon Progo DPS ekonomi kreatif Erik Hidayat GBMT Geguritan halal HPN 2025 Inkubator Bisnis UMBY INTANI Jasmani Jurnalipreneur.id Jurnalispreneur Jurnalispreneur.id kolaborasi Koperasi Syariah Kotamas DIY kriya kuliner Mie lethek organik Pelatihan jurnalis PINBAS MUI DIY PINBUK Ramadan Ramadhan Rohani sanggar pawuhan senam sehat Silaturahmi Taman Kuliner Bangunharjo Tera View Tim Jurnalispreneur.id Umkm Yogyakarta
Social Links
MITRA JURNALISPRENEUR.ID








Tinggalkan Balasan