Keranjang Anda kosong!

Geguritan Dening Dr.KRT. Akhir Lusono, SSn, MM #4
*******●●●●●●*******
Duwe Yoga
Aja nganti yen peputra duwe yoga sing sinebut generasi strawbari
Awit senajan njaban ayu ganteng utawa endah
Nanging isine mlenyek
Pindhane telek
Mula duwe putra kudu ginodhog ing kawah Candradimuka
Dibakar diuleni diseneni digladhi pencak
Dimen dadi bocah kang bakoh
Dadi pawongan sing pengkuh
Ora memble lan leda lede
Bocah saiki kudune tansaya kuat
Amarga mungsuhe saya abot
Mula duwe atmaja aja tansah diuja
*******●●●●●●*******
Pangarsa
Ing ngarep kuwi papane
Nanging uga ing tengah panggonane
Kalamangsa uga ing mburi
Mula ana unen unen
Ing ngarsa sung tulada
Ing madya mangun karsa
Tut wuri handayani
Awit jejere pangarsa kudu bisa manjing ajur ajer
Hangentasi karya
Hangemong
Hangayomi
Hamemayoni
Tansah sigra magita gita
Cancut taliwanda
Gya siyaga
*******●●●●●●*******
Adhem
Hawane atis
Adem njekut swasana mendhung
Udane riwis riwis
Arep budhal mergawe sajak aras arasen
Kaya kaya bokok abot ninggalake kursi Utawa amben
Senajan mangkono badan kudu digenahke
Pikiran kudu diprenahke
Dimen sengkut nyambut gawe
Senajan hawane adhem
Ananging urip kudu terus anget kepara panas
Dimen pendhane mesin
Ora maelu lagi bar di uripke Utawa wis suwe.
Cebongan, Kasihan 24 Januari 2025
Categories
Recent Posts
- Ritual Umbul Donga Pujo Basuki di Desa Wisata Krebet: Merawat Tradisi, Menguatkan Harmoni

- HIPPI Charity Sukses Digelar, Ratusan Warga Antusias Ikuti Pemeriksaan Kesehatan Gratis

- Tasyakuran dan Peresmian Kantor KSPPS BMT Artha Amanah Sanden Cabang Bantul serta Launching BEA School Angkatan ke 2

- Rakernas HIPPI 2025 Resmi Digelar di Daerah Istimewa Yogyakarta

- Kampung Berseri Astra, dari Tanah Kosong Jadi Desa Digital: Kisah Perubahan yang Digerakkan oleh Warga Sendiri
Archive
Tags
Akhir Lusono Al-Qur’an Bakpia Jogkem bakso Bangunharjo BMT buka puasa Desa Caturharjo Desa wisata Dinas Pariwisata Kulon Progo DPS ekosistem ekraf Erik Hidayat GBMT Geguritan halal HPN 2025 Inkubator Bisnis UMBY Inovasi INTANI Jurnalipreneur.id Jurnalispreneur Jurnalispreneur.id kolaborasi Kotamas DIY kriya kuliner Mie lethek organik Pasar Ngasem Pelatihan jurnalis PINBAS MUI DIY PINBUK Ramadan Ramadhan sanggar pawuhan senam sehat Silaturahmi Taman Kuliner Bangunharjo Tera View Tim Jurnalispreneur.id UGM Umkm Yogyakarta
Social Links
MITRA JURNALISPRENEUR.ID










Tinggalkan Balasan