Keranjang Anda kosong!

โโโโโโโโโโโโโโโโโโโ
Ta’aruf
Ta’aruf saben saben keprungu ing sadengah papan
Mligi kaum muslim ta’aruf wis lumrah katindakake
Kepara ta’aruf dadi wajib pe pasrawungan
Ta’aruf bahasa Arab
Basa Jawane kenalan
Basa Indonesiane perkenalan
Taaruf mugya bisa dadi sarana nyupeketake paseduluran
โโโโโโโโโโโโโโโโโโโ
Aja Midak
(Tafahum)
Ana bengi ana awan
Ratri nuduhake yen wayahe kanggo ngaso
Siyang wayahe kanggo makarya
Bab ngibadah kuwi dadi wajibpe Urip
Kudu Tan oleh kendhat
Siyang pantaran ratri
Pindhane wong paseduluran uga tan pikantuk owah klawan gingsir
Awit yen kliru tan bisa lira liru ateges adoh saka jenenge padha ngertine
Mula tafahum kuwi kudu tansah jinaga
Aja nganti kalirwakna
Yen tan seneng di pidak
Aja sepisan sepisan ngidak
Apa meneh ngidak klawan minyak kuwi lelandhesan mbales binales
Bakah bubrah tembne
Tafahum endahe kekancan
Tafahum edine paseduluran
Tansah jinaga lan kagladi tan kendhat dumugi buntasing nyawa
โโโโโโโโโโโโโโโโโโโ
Nepal Van Java
Papanmu ing sangisore Sumbing
Mucuk mingklik mingklik
Saking dhuwure pra kang mara ana sing singunen
Saka dhuwur gunung telamaya Katon cetha
Gunung Merapi ngegla
Kutha Ngayogyakarta Yen Ratri pating krelip dimar moderene
Nepal Van Jawa biyungalah apikmu ora karuan
Hawane adhem apa meneh yen pas riwis udane
Mata bisa tablang wisata kahanan kang Edi peni
Sliramu pancen ngangeni
Sapa wae bakal kepulut marang kaendahanmu
Hawane adhem nyandhing kopi apa wedang panas legi tur kenthel
Pacitan gedhang goreng Utawa mendhowan
Nyeplus lombok riwit
Jian mathis tenan
Kaya kaya bisa handedawa umur
Senajan Kabeh mau kudu tansah eling mring Allah SWT
โโโโโโโโโโโโโโโโโโโ
Kedaden Ing Sumbing
Kari sak udhus tekan gunung Sumbing
Rekane mono wis ngati ati
Kepara Alon banget anggone nyopiri baeta
Sang sopir ya wis mataun taun pengalaman e
Ewa semana Gusti nakdirake ban ngarep buri nyemplung ing selokan
Swara mak grokkkk
Ngendheg lakune si Wesi putih
Kabeh padha mudhun
Mak brol wong wong sakampung padha nyusun
Melu ngentaske kendharaan sing memper gajah ambruk
Butuh waktu ora mung sedhela
Ing Sumbing Gajah wesi lagi bisa ditangekake sakwise di pikul dening wong kang nyusung
Mugya ing Sumbing bisa kanggo pangeling eling tumrape sedhulurku nyawung
Pinangka satriyaning Negara
Bisa sasab sing tembe burine.
โโโโโโโโโโโโโโโโโโโ
Budaya
Maneka warna ana ing alam dunya
Ana sing apik AKEH uga sing ala
Kari miliha sing endi
Kabeh ana etungane
Yen apik ana pahalane
Sing ala mesti Gusti ora sare bakal paring ganjarane
Budaya kang ginelar rupa rupa
Aja disawang kegunan seni mligi
Awit sakebehing werna kuwi kalebu budaya
Mula kudu bisa milah lan milih budaya kang Endi sing kudu digegem
Amung piwelinge sepuh
Aja lena
โโโโโโโโโโโโโโโโโโโ
Kalam Illahi
Kalam Illahi Wahyu kang tinurunake kanggo gujengan pra manungsa ing donya murih urip tata
Yen kawaca dening pra qori bisa ndhodog ati
Krasa ngawang rinasa mabur ngangkasa
Yen wis purna kawaca
Ning ati lega
Ora kaya kaya
Rasane enthing
Tinutup kanthi lafadz sodaqallah haladzim
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh
โโโโโโโโโโโโโโโโโโโ
Abdi Dalem
Pinangka punjering budaya ing tanah Jawa
Mula wis kuncara ing saindening Bawana
Ananing Karaton Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat
Hing karaton ana abdi delem
Abdining budaya kang kudu bisa njaga budaya Jawa
Murih budaya Jawa tetap kumlebet
Nggendera tansaya kuncara
Lestantun ngantos dumugi buntasing alam raya
Abdi dalem mugya tansah bisa njaga kawibawanning Karaton Ngayogyakarta
Dimen kanggo papan pasinaon Seni Budaya Jawa dening sok sapa-a
โโโโโโโโโโโโโโโโโโโ
Lurik
Lurik dimen ndarik
Lurik ana ing busana surjan
Pancen diagem pra abdi dalem
Nalika seba ing Karaton Kasultanan Ngayogyakarta
Lurik kanggo paseduluran
Lurik kanggo pralambang rukun
Awit yen crah ora bakal santosa
Mula lurik kudu tansah jinaga
Eman yen ilang digawa angin
Apa maneh ora ana khabar kawusanane
Lurik
Apik
Lurik
Ndarik
Lurik
โโโโโโโโโโโโโโโโโโโ
Pangkat
Kawiwitan jajar
Nulya Bekel Anon
Kalajengaken Bekel Sepuh
Lurah pinangka pangkat sakndhuwure
Penewu lan Wedana pangkat kang wis dhuwur
Riya Bupati uga Bupati Anom, Bupati Sepuh, Bupati Kliwon,
Kang Pungkasan Bupati Nayaka
Kabeh pangkat ana gawe uga gawane
Kudu bisa njaga kabeh unggah ungguh
Tata trapsila lan uda wedana
โโโโโโโโโโโโโโโโโโโ
Ayo Disinau
Senajan wis pana
Mbok menawi isih piguna
Ngawuningani cak cakane papan ing njeron Kraton Ngayogyakarta
Pagelaran uga Sitihinggil lor kasebute
Kamandungan lor klawan
Srimanganti kuwi wis ngarani
Ing punjering ana Kedhaton papan kang mligi lan merbawani
Kamagangan wis kawit duk ing uni
Kamandungan Kidul
Pungkasan Sitihinggil Kidul
Sapa ngerti isih ana sedulur sing durung pirsa ing njeron Kraton
kagelar bangunan apa?
โโโโโโโโโโโโโโโโโโโ
Bangsal
Ana cacah limolas
Pancen semono kuwi gunggunge
Banjur apa wae?
Siji bangsal pagelaran
Loro bangsal Sitihinggil
Katelu bangsal Manguntur Tangkil
Papat bangsal Pancaniti
Lima bangsal Srimanganti
Bangsal Trajumas kang Ping enem
Kapitune bangsal Kraton Kilen
Banjur kawolu bangsal Kaputren
Kasanga Gedhong Prabayeksa
Bangsal Kencana ka sadasa
Banjur kang kaling sewelas yaiku bangsal Manis
Rolas bangsal Kasatriyan
Katelulas bangsal Kamagangan
Patbelase bangsal Kamandungan
Limalas sing sinebut Gedhong Sasana Hinggil Dwi Abad
Limalas kang wis hamungkasi muga bisa dadi gurit kang migunani
Cebongan Kasihan Pungkasan Januari 2025
โโโโโโโโโโโโโโโโโโโ
Categories
Recent Posts
- Launching Program Sinkronisasi Koperasi, UMKM, dan BUMDes Merah Putih: Kolaborasi Wujudkan Ekonomi Desa Berdaya Saing
- Media Dakwah Pelajar: Mewarisi Semangat Rasulullah di Era Digital
- Pelatihan Membuat Kue Pukis dan Wingko Babat Bersama BMT Al Ikhwan: Langsung praktek untuk kegiatan wirausaha
- Diskusi Interaktif dan RAKERDA DPD HIPPI DIY 2025
- Reuni Akbar Ikamayoda (Alumni MTsN Yogyakarta II)โKembali Bersatu di MDT Nurul Musthofaโ
Tags
Akhir Lusono Al-Qurโan Audiensi bakso buka puasa Desa Caturharjo Desa wisata Dinas pariwisata Dinas Pariwisata Kulon Progo DMI Wonosobo Dr. Lastiani Warih Wulandari Erik Hidayat GBMT Geguritan halal HPN 2025 INTANI IPPNU Kota Yogyakarta Jamaah Masjid Joko Mursito Jurnalipreneur.id Jurnalis preneur Jurnalispreneur Jurnalispreneur.id Kirana Edutainment Park Kotamas DIY kuliner Kulonprogo. Mie lethek Pelatihan artikel Pelatihan jurnalis PINBAS MUI DIY Pokdarwis PT Putri Kedaton Group Ramadan Ramadhan Rohani Silaturahmi Taman Kuliner Bangunharjo Tamansari Tera View Tim Jurnalispreneur.id UCY Yogyakarta Umkm Yogyakarta
Social Links
MITRA JURNALISPRENEUR.ID








Tinggalkan Balasan