Keranjang Anda kosong!

Geguritan Dening
Dr. KRT. Akhir Lusono, SSn, MM
#6
~~~~~~■■■■■■■~~~~~~
Jemuahan
Tekane saben seminggu
Dina kang mirunggan tumrap wong muslim Kakung
Awit nampa perintah dhawuhing agama
Yaiku jenuahan kudu jinaga
Aja nganti lena banjur ora teka
Ethok ethok lara apa malah mengkat dolan wisata
Nganti nglalekna jemuahan
Aya kanca siyaga tata tata
Tindak masjid supaya wurung diarani pawongan sing kedlarung
Gya tindak Jemuahan samekta.
~~~~~~■■■■■■■~~~~~~
Khutbah
Piwelinge para Ustadz
Lali aja nganti lali
Aja dilali lali
Malah kudu di eling eling
Cilakane cilaka yen malah nglali lali
Awit neraka bakal unduhane
Mula antarane nguyak dunya lan delahan kudu imbang
Kepara nguyako akherat mengkone kadonyan bakal komandan
Rungakna nalika khutbah
Para Ustadz mesti ngendika
Akherat uyaken mengkone Donya mesti nututi
Mula kldunya akherat kudu diudi Kanti tumemen
~~~~~~■■■■■■■~~~~~~
Methuk Anak
Selawe taun kepungkur kowe isih bayi ndhuk
Aku ngerti banget lakune owah gingsirmu
Saka bayi tumuju menyang bocah rumaja tekan adhiwasa
Sekolah seka TK SD SMP SMA tumekaning kuliah
Saiki sliramu wis gedhe kepara malah wis gawe
Nalika lebaran wis bisa mudik
Bensuk yen mudhik tak jemput Ndhuk
~~~~~~■■■■■■■~~~~~~
Perwitasari
Janma tan kinira
Prasasat kabeh munya ala
Ngolok olok marang sapadha
Sejatining isi datan kaudi
Mula saur manuk Kepara rubuh rubuh gedang
Asring kaprangguli ing donya Iki
Jejering bener datan singkiri
Kepara milih dalan sing ora mbejaji
Sayektine sak sapa a wae kudu bisa ngendhaleni
Ora gampang butuh liyane
Sing sejatine perwitasari
~~~~~~■■■■■■■~~~~~~
Gunung Merapi
Dumunung ing iring lor tlatah Ngayogyakarta
Sinawang katon ngedap edapi bakoh kukuh njenggereng
Mitotonake awake sing guedhe
Pikir mlayu nggenjrit tumuju ing keagungane kang gawe gunung
Saeba luwih ampuh e
Yen sing digawe wae kaya ngono apike
Apa meneh sing duwe panguasa nyipta
Gusti Allah pancen kang maha nyipta
Sakabehing kang lumaku
Gunung Merapi endahmu pancen milangoni
Senajan endahmu tetep kalah Karo kang nyipta sliramu
Cebongan, Kasihan Januari 2025
~~~~~~■■■■■■■~~~~~~
Categories
Recent Posts
- Manunggal Fair 2025: Merajut Kreativitas dan Ekonomi Lokal Kulon Progo
- Semangat dan Kebersamaan Warnai Re-Launching Pasar Tani KWT Migunani
- Festival Kebudayaan Yogyakarta 2025 Resmi Dibuka
- YAD Handycraft, Pusat Blangkon dan Surjan yang Lestarikan Kriya Budaya di Bantul
- Pelatihan Penyusunan Business Plan dan Optimalisasi Rentabilitas bagi BMT di Grha BDS
Archive
Tags
Akhir Lusono Al-Qur’an ayam goreng Bakpia Jogkem bakso Bangunharjo BMT buka puasa Desa Caturharjo Desa wisata Dinas Pariwisata Kulon Progo DMI Wonosobo DPS Erik Hidayat GBMT Geguritan halal HPN 2025 Inkubator Bisnis UMBY INTANI Joko Mursito Jurnalipreneur.id Jurnalispreneur Jurnalispreneur.id kolaborasi Kotamas DIY kriya kuliner Mie lethek organik Pelatihan jurnalis PINBAS MUI DIY PINBUK Ramadan Ramadhan sanggar pawuhan senam sehat seni pertunjukan Silaturahmi sunday morning Taman Kuliner Bangunharjo Tera View Tim Jurnalispreneur.id Umkm Yogyakarta
Social Links
MITRA JURNALISPRENEUR.ID








Tinggalkan Balasan