Keranjang Anda kosong!

Geguritan Dening
Dr. KRT. Akhir Lusono, SSn, MM
#5
■■■■■■■■■ ♡♡♡♡ ■■■■■■■■■
Karang Pradesan
Jajah desa milang Kori
Tetembungan kang pas kanggo nggambarake
Saka sisih wetan tekan sisih kulon elor lan kidul
Kabeh disaba
Sanja menyang sadengah papan
Tumekan ingkeng kadang pradesan
Akeh dibisa disinau
Saka sing kecingkrangan
Nganti wong kang urip katumpukan bandha
Werna werna kahanan sing bisa gawe bungah uga susah
Rasa nggrantes lan ngelus dhada
Karang pradesan bisa dadi papan pasinaon ing alam bebrayan
■■■■■■■■■ ♡♡♡♡ ■■■■■■■■■
Reresik
Natkala wulan Ramadhan tumeka
Kabeh pra muslim nuduhake ati kang gumbira
Awit wulan Ramadhan akeh pahala kang bisa riananggeh
Awit para setan cinencang
Dene lawang suwarga dibukak kanthi amba
Mula para umat muslim minulya
Aja sami nglirwakna tumekaning wulan pasa
Kudu sangkut kudu gumregut
Ngadhang tekane wulan suci sayekti
Dimen bisa ngranggeh wit witan ing suwarga mulya
Pindhane badhe putih kang siyaga nampa tulisan apa wae
Mula prelu kasiyagakna
Diri pribadi lan keluarga
Satemah sakeluarga bisa ngranggeh begja donya tumekan ingkeng delahan
Aamiin
■■■■■■■■■ ♡♡♡♡ ■■■■■■■■■
Bedane Apa
Tukang sapu
Tukang becak
Tukang ngarit
Tukang baru
Tukang kayu
Tukang untu
Tukang sumur
Sakabehing tukang
Tukang njaluki pajek
Tukang ngajar
Tukang nerangke
Tukang nyopiri motor mabur
Tukang nyopiri kereta
Tukang nata negara
Apa bedane
Ora ana miturutku
Mula adohno sipat adigang adigung adiguna angkara murka deksiya mring sapadha
Awit Kabeh pada dadi tukange
■■■■■■■■■ ♡♡♡♡ ■■■■■■■■■
Ati Kang Kothong
Cobanan pitakon mring pribadimu dhewe
Apa sing mbok rasakne
Apa tau oleh panjawab kang beda Karo suwarane atimu
Lire cengkah antarane suwara atimu karo kanyatan kang mbok prangguli
Prayogane padha
Yen bisa nyebut antarane pamikir lan pangucap ora cengkah
Amarga yen cengkah dadine mung arep Eneng enengan
Siji ngajak ngalor
Liyane ngajak ngidul
Kepara ana sing nggeret ngetan
Durung rampung wis dikon mlayu mengulon
Mula ati aja kothong
Awit yen kothong tundhane bolong
Kamangka bisa marai dadi Petruk Kanthong bolong
Bolong ateges ora bisa oleh apa apa
Awit mesthi niba
Mula isinen atimu dimen aja goreh
Carane nyedhaka terus marang
■■■■■■■■■ ♡♡♡♡ ■■■■■■■■■
Allahu Akbar
Wis ginaris seka cenger jabang bayi diwenehi piandel agama Islam
Syukur tanpa pepindhan
Bungah dene agemen agemening ajiku saktrep karo unine atiku
Allah Kang Maha Agung mugiya tansah nuntun dalanku
Sirottol Mustaqim Dudu siratoladina amamta alaihim ghoiril magdu bialaihim walad dholliim
Ati ayem
Cebongan, Kasihan Januari 2025
■■■■■■■■■ ♡♡♡♡ ■■■■■■■■■
Categories
Recent Posts
- Manunggal Fair 2025: Merajut Kreativitas dan Ekonomi Lokal Kulon Progo
- Semangat dan Kebersamaan Warnai Re-Launching Pasar Tani KWT Migunani
- Festival Kebudayaan Yogyakarta 2025 Resmi Dibuka
- YAD Handycraft, Pusat Blangkon dan Surjan yang Lestarikan Kriya Budaya di Bantul
- Pelatihan Penyusunan Business Plan dan Optimalisasi Rentabilitas bagi BMT di Grha BDS
Archive
Tags
Akhir Lusono Al-Qur’an ayam goreng Bakpia Jogkem bakso Bangunharjo BMT buka puasa Desa Caturharjo Desa wisata Dinas Pariwisata Kulon Progo DMI Wonosobo DPS Erik Hidayat GBMT Geguritan halal HPN 2025 Inkubator Bisnis UMBY INTANI Joko Mursito Jurnalipreneur.id Jurnalispreneur Jurnalispreneur.id kolaborasi Kotamas DIY kriya kuliner Mie lethek organik Pelatihan jurnalis PINBAS MUI DIY PINBUK Ramadan Ramadhan sanggar pawuhan senam sehat seni pertunjukan Silaturahmi sunday morning Taman Kuliner Bangunharjo Tera View Tim Jurnalispreneur.id Umkm Yogyakarta
Social Links
MITRA JURNALISPRENEUR.ID








Tinggalkan Balasan