Keranjang Anda kosong!


Wanci Magrib
Dumeling swara adzan
Paweh panyeluk mring pra kadang muslim sutresna
Aninggalake sakebehing pakaryan
Tumuju sumujud hibg ngarsa Allah SWT.
Nindakaken sholat magrib
Kang diawiti wudhu reresik raga nyepakake jiwa supaya padhang ing pamikir
Wanci magrib wis manglung
Aja pijer sliwar sliwer rebut ducung pijer ngoyak kadonyan
Apike tumuli sengkut gumregut nindakake sholat fardhu
Luwih Utawa ing masjid
Jamaah dimen oleh ganjaran tiket 27
Tinimbang sholat dhewekan gunggung pahalene ora akeh
Ananging sing terang
Kang kudu dieling eling
Aja nganti nglirwakake sholat
Pinangka cagak agama
———-โโโโโโ———-
Pindhane Sapu
Ana unen unen kang kondhang
Ing pasrawungan Jawa
Unine crah agawe bubrah rukun agawe santoso
Padahal dene sapu kang kedaden seca sada
Yen mung siji kang dumadi mesthi beneh kuate
Ananging menawi sada mung sak ler ora bakoh
Yen ana sada gunggung 100 tekane 200 mesti bakoh
Kuat kepara tan bisa tinugel
Mula crah kuwi bakal bubrah
Rukun utawa dadi siji bakale bakoh kuat uga santosa
———-โโโโโโ———-
Pangupa Jiwa
Saeba isine wong kang diarani panji klanthung
Klontang klanthung ngalor ngidul ngetan ngulon ora ana tlonjonge
Kamangka sejatine apa ana paraga sing seneng dadi panji klanthung utawa dadi uwong kang ora makarya
Mesthine ora ana
Kejaba saweneh wong seje kepara wong setengah on
Mula pakaryan apa wae bisa kanggo golek pangupa jiwa
Dene isih ana panji klanthung
Ora prelu isin
Amarga pamerintah uga duwe kuwajiban nggolekake gaweyan para muda taruna kang durung cecekel gaweyan kanggo golek pangupa jiwa.
Mula pesene simbah biyen: aja wani rabi yen durung cekel gawe. Apa bojo anakmu arep mbok pakani watu.
———-โโโโโโ———-
Radio
Ing taun 1970 an tekan 2000 an
Radio dadi jujugan wong kang golek warta uga kasenengan
Ana pawarta bab apotik kang dodolan obat
Uga ana adicara pilihan pendengar kang njaluk kirim kiriman lelagon
Para pambiwarane memper bintang duwe pandhemen
Pinangka pabiwara akeh kang mara sanja Takon bab werna werna
Awit ing donyaning radio
Penyiar sinebut kamis sing ngemot maneka warna isen isening pawarta
Kepara sinebut senjata ampuh kang bisa sinebut kaca benggala
Mula akeh penyiar sing nggembelo
Rumangsa bagus rumangsa akeh sing nggoleki
Emane ing mangsa teknologi metaverse lan artificial inteligent radio tansaya bleret urupe
Kepara bisa diarani mendlap mendlip
Muga ing tembe donyaning radio bakal bisa rame meneh
Kanthi acara kang rinacik kanthi becik
———-โโโโโโ———-
Cakramanggilingan
Aja pijer girang gumuyu
Senajanta uripmu ana ing nggegana
Awit sawayah wayah bisa ambruk lan nyungsep ing bantala
Mula sakmadya wae mlaku ing alam padhang
Ora usah umuk mundhak kaladuk
Raga lan jiwa mesti krasa kopong
Kongas mung ndheder rasa panas
Elinga yen ana tembung Cakramanggilingan
Keng mangku teges
Papan kuwi ana ndhuwr uga ana ngisor
Kamangka pindhane rodha sepeda
Kala kala ing dhuwur
Banjir muter ana ing ngisor
Mula ora ajek ing papan sing kepenak terus
Eling lan waspada
Pesene wong tuwa
———-โโโโโโ———-
Wis 22 Tahun
Ndhuk Sugeng ambal Warsa
Wis 22 tahun anggonmu mlaku ing sadhuwuring alam donya
Wis wayahe sliramu tansaya dhiwasa
Kebak ing rasa pangati ati ya ndhuk lakumu
Mung iku welinge Bapa klawan biyung
Ati ati mecaki laku ing donya
Amarga dalan kang mbok liwati ora mesthi alus
Kala mangsa dalene rumpil ana eri kang kapasang ing ndalan mau
Ndhuk ulapen eluhmu
Ayo bebarengan macaki laku
Awit aja mandeg lakumu
Senajan alon sliramu kudu mlaku
Dimen papan sing tinuju bisa tinemu
Dimen kekarepanmu bisa kacekel
Mula mlaku lan mlaku
———-โโโโโโ———-
Lingsir Wengi
Ing satengahing wayah ratri
Lungit krasa nancep ing nala
Tan ana swara angelisik
Amung keprungu swara angin kang mlayu ngidit
Oyak oyakan playon sakgeleme dhewe
Lingsir wengi wayahe
Ing saindening bawana akeh kang lagi mara seba
Mring Gusti Kang Maha Kawasa
Konjuk pandonga mugya tansah lestari wibawa
Cebongan, Kasihan, Januari 2025.
———-โโโโโโ———-
Categories
Recent Posts
- Kolaborasi Strategis Perkuat Wisata Ramah Muslim di Yogyakarta

- Jogja Second Fest 11 Siap Guncang Piramid, Hadirkan Puluhan Komunitas dan Musisi Urban

- Silaturahmi DPP ABDSI dan DPW ABDSI DIY Perkuat Kolaborasi Pendamping UMKM

- Pembukaan Pameran Seni Rupa Perempuan 2026 โFimela Energiโ Berlangsung Meriah di ISI Sewon

- Akselerasi Kualitas SDM Koperasi, PINBUK Gelar Training of Trainer (ToT) Perkoperasian Nasional

Archive
- Mei 2026
- April 2026
- Maret 2026
- Februari 2026
- Januari 2026
- Desember 2025
- November 2025
- Oktober 2025
- September 2025
- Agustus 2025
- Juli 2025
- Juni 2025
- Mei 2025
- April 2025
- Maret 2025
- Februari 2025
- Januari 2025
- Desember 2024
- November 2024
- Januari 2024
- Juli 2023
- Maret 2023
- Januari 2023
- Desember 2022
- Oktober 2022
Tags
#Pameran #seni Akhir Lusono Bakpia Jogkem Bangunharjo Bantul BMT buka puasa Desa Caturharjo Desa wisata Dinas Pariwisata Kulon Progo DPS ekonomi kreatif ekosistem ekraf Film Geguritan halal HPN 2025 Iftar Inovasi JAFF Jurnalipreneur.id Jurnalispreneur Jurnalispreneur.id KDMP kolaborasi Kotamas DIY kreatif kriya kuliner Mie lethek museum Pelatihan jurnalis PINBAS MUI DIY PINBUK Ramadan Ramadhan Silaturahmi Tera View Tim Jurnalispreneur.id UGM UMBY Umkm Yogyakarta
Social Links
MITRA JURNALISPRENEUR.ID










Tinggalkan Balasan