Geguritan Dening Dr. Akhir Lusono, SSn, MM #3

 

Geguritan Dening

Dr. Akhir Lusono, SSn, MM

#3

 

Adzan Ing Wayah Subuh

Kaya padatan suwara Adzan dumeling

Lik Kerto bebasan ora tau kendhat

Saben esuk nindakaken amanah kanthi khusu’

Dadi tukang celuk celuk umat sholat fardhu

Saben Dina prasasat ora lowong

Ananging esuk ing Dina Rabu Legi Iki

Suwarane Lik Kerto ora kepireng

Nyenyet ora ana sing genteni

Pitakonan mencungul

Muga muga pawongan kang prasaja kuwi tansah ginanjar bagas waras tanpa ana rubeda uga tinebihne saka tulak sarik tuwin giri godha

———– โ– โ– โ– โ– โ– โ–  ————

 

Angkringan Lik Wanto

Lik Wanto pancen prasaja

Lomah lameh gebak ing esem

Mula ora jeneng mokal

Angkringanne jejel riyel wong sing golek Tamba luwe

Sembarang jajanan tradisional ana

Wedangnge ya dikopliti

Wedang jahe wedang uwuh tekan wedang jeruk uga wedang ronde

Angkringan Lik Wanto

Kanggone pra langganan uwis kaloka

Papane resik regane uga ana rupa

Masakane enak gawe ketagihan pingin mara

Angkringan Lik Wanto

Bukak esuk tekan esuk meneh ateges par likur jam tan kendhat

Pangajabku mung bisa ndedonga

Lik Wanto panjang yuswa

Bisa leladi marang para langganan kanthi lana

Kalebu aku uga

Cebongan, Kasihan 23 Januari 2025

———– โ– โ– โ– โ– โ– โ–  ————

 

 


MITRA JURNALISPRENEUR.ID