Geguritan dening Dr. KRT. Akhir Lusono (Pelestari Seni lan Sastra Jawa) #1

Pangarep Arep

Kanca delengen kae
Ing papan kana ana barang sing ngegla
Cetha wela wela
Ngawe awe tansaya gawe sengsem
Pindhane srengenge sumunar
Cahyane ngebaki alam Donya
Ati kang gothang bisa kisen
Kalbu kang growang bisa sumilir
Mula kanca percaya wae marang kuasaning Allah SWT
Yen ing kana kae ana pengarep arep
Senadyan kudu sinartan ihtiyar kanthi temenan
Aja ketriwal aja katakumpen
Apa maneh malik tingal
Eling klawan waspada kudu tansah jinaga.

 

MUI

Pancen Kepara nyata
Akeh pra prawireng byuk ing papan kana
Papane para dwija uga sarjana
Bab ngelmu agama seni lan budaya
Uga sakabehing ngelmu laku ing Ngalam bebrayan
Nglumpuk diemban dening para para kang kampiyun
Mula jeneng ora mokal yen misuwur ing sindenging Bawana
MUI saka pucuk paprentahan nganti dumugi ing kabupaten lan kecamatan
Kumlebete gendera kang misuwur kanti aran Majelis Ulama Indonesia kaonang Onang
Pinangka pandam pandoming kawula dasih
Pra mitra ing sadengah papan
Punjer ngelmu kang pindhane sumur
Senajanta katimba banyune tansah ngetuk
MUI mugya tansaya ngrembaka
Gawe papan dadi reja
Tembe mencungul jenenge ukara lan tembung gemah ripah loh jinawi
Tata Titi tentrem karta tata Raharja
Mawujud Baldattun Thayibatun Warabunghofur

 

Panjangka

Jiwa raga tansah tumanduk
Sendika mring prentah nyata
Nuhoni pinangka janma kang kinira
Sing duwe panjangka
Jangka jangkaning sedya
Tansah murup pindhaning latu ing redi Merapi
Manghalad halad panggah
Tan temoleh mangiwa manengen
Tlonjonge papan ngarep
Kanggo mrih kasiling panjangka kang tumata.

 

Bebakulan

Ing donya kang gumelar iki
Sawernaning titah kaprentah dadi bakul
Kanthi pangajab bisa nuhoni pinangka janma kang cinipta dengan Allah SWT
Bakul kang tan ana wisa
Ananging bebakulan sing sarwa prasaja
Bebakulan kang ora sah nganggo tumindak Ina
Dadiya bakul kang adoh seka nerak wewaler
Wewalering agama uga negara
Dimen sempulur dumugi wasana
Pindhane taneman ijo royo
Kasinungan dening para kang tetuku
Satemah dol tinuku kang ginelar
Pikantuk rohmating Gusti Kang Maha Kawasa.

 

Udan Wayah Sore

Hawane atis
Udane deres nelesi bantala
Lemah cengkar dadi teles
Siyaga nampa para tani
Tetanem sawernaning palawija
Dhele, kacang, pari lan liyane
Kahanan dadi anyep
Senadyanta tatanan negara mbuh kayangapa
Saderma kawula sing baku nyambut karya
Kanthi sengkut LAN gumbira
Dimen urip bisa Mulya
Kinalungan kabegjan kabagyan uga seneng ing pasrawungan
Tansah cineket mring Gusti uga
Linambaran manembah kanthi temen uga kulina
Dumugi buntasing yuswa
Udan Wayah sore
Tumiba ing bumi
Matur nuwun Gusti.

Cebongan, Kasihan, 21 Januari 2025


MITRA JURNALISPRENEUR.ID